SOLOBALAPAN

Entri Populer

Entri Populer

Rabu, 16 Maret 2011

BENDU opo GANJARAN

Sumilir angin wengi kang kroso adem nambahi nyenyet roso kang lagi ngrekes. Gumelaring pajangko sing ora iso diukur watese nemahi kedepe netro kang ora lerep-lerep. Tambah dowo, tambah ombo anggone medar pikiran nganti ora kroso tumekan alam sing wingit. Jalaran ngrekesing ati sing koyo rinajang, akal pikiran dadi karungkep roso bendu. Sopo sing salah seleh!? sopo sing nandur ngunduh!? sopo sing jujur makmur!? Paham...jelas..ngerti...ning lah iki kok ora koyo sak mesthine?! Opo iki jenenge JAMAN EDAN sing jare pujangga linuwih Jaman sing kewolak-walik!?
Akh....ugh............
Nanging, mengko dhisik....
Ojo gampang golek salahe liyan. Mandhek dhisik, ayo bali mring sejatining Titah ingkang linuwih. Yen dipikir sing jero, kabeh kahanan ing ngalam donyo iki SUNATULLAH kudu dadi SEBAB lan AKIBAT. Kabeh mau sejatining namung kudu mlaku opo sing wis ginaris, iku mau sing diarani adil. Adil kanggo manungso kang awujud titah lan adil tumrap alam sing dadi lambaran uripe titah.
Upami dipun lajengaken, sadayanipun namung gumantung ono ing ati lan roso rumongso titah. Kudu rumongso yen dadi TITAH. Upami sampun rumeseping manah, kantun dipun timbang BENDU opo GANJARAN.


Wasalam,
Anak sing Ilang

Tidak ada komentar:

Posting Komentar