SOLOBALAPAN

Entri Populer

Entri Populer

Rabu, 30 Maret 2011

Mawas Diri

"Nasibku kok koyo ngene ya?"
Pitakon mau wis ora aneh kanggo tumraping sifat manungso. Opo maneh yen lagi ngrasakake susah tur bareng karo ati sing runtik. Iki uga sing lagi kula lampahi, saben-saben namung nyalahke nasib. Iki jane opo sing salah karo awakku yo? Isuk, awan, sore, nganti mbengi ora tau pedhot pitakon sing wis ngerti bakal ora ono jawabane. ASTAGFIRULLAH HALADZIM....!!! yo iki sesambat ingkang saget nglonggarake sesek ing dhodho.
Sakabehing lampah sampun kulo coba, sakedhik ngelmu saking poro Kyai wonten ing pengajian ingkang cemanthel wonten ing manah inggih sampun kulo coba lakoni, sedayanipun sampun kulo cobi. Upami kulo pikir terus, soyo dangu kulo tambah ajrih...dadi MUTUNG panggalih. Duh gusti ALLAH ingkang moho Welas Asih...........
Sakedhik kangge pangetheng-entheng ing manah. Kulo kemutan ujaring poro Adi Luhung yen "Ngalam donyo kuwi kabeh mlaku nuruti opo sing kudu lumaku, sing sakabehing mau nemahi suwung"  kanthi cubluk ing pamikir, kulo cobi medhar punopo maksudipun.
Urip ing ngalam bebrayan sapuniko sadayanipun sampun wonten aturan ingkang mboten saget dipun trajang tumraping titah. Sopo nandur bakal ngundhuh... Ingkang dados panggalihan inggih puniko ilang ing kesabaran nemahi runtik ing manah. Yakin bakal wonten ganjaran punopo ingkang sampun dipun tandur, opo kuwi bibit becik utowo bibit sengkolo. Sing pungkasane urip kuwi pakal nemahi adil. Nandur 1 bakal panen 1. Upami mekaten, pungkasing urip bakal suwung inggih puniko adil ingkang sak leresipun adil.
Upami tulisan kulo niki sampun dipun waos, monggo mboten kudu dipikir. Tulisan puniko namung kangge ngluber aken punopo ingkang ngganjel ing manah. SUBHANALLAH.... ASTAGFIRULLAH.


Salam,
Wong Jowo ilang Jawane
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar